Langsung ke konten utama

Laporan Tugas Bahasa Jawa "Upacara Adat Nyadran"

TUGAS BASA JAWA
UPACARA ADAT NYADRAN


Dipun Susun Dening:
Wildan Wing Wirawan (02)
Fauzar Restu Ginanjar (07)
Nurina Oktavianti (23)
Retno Hastuti (24)

Kelas XII MIPA 4


SMA NEGERI 2 WATES





BAB I

A.    Dhasaring Panaliten
Kebudayaan inggih menika elemen ingkang mboten saged kalepas saking kahuripan manungsa. Wonten satunggal sisi, manungsa nyiptaaken budaya, ananging wonten sisi lain, manungsa prosduk saka budaya kang urip. Sesambetan pengaruh menika butki manungsa moten saged urip tanpa budaya. Kahuripan budaya inggih menika titikan manungsa lan badhe kalampahan dening manungsa.
Wonten ing Indonesia kathah ragam kebudayaan. Salah satunggaling inggih menika upacara nyadran. Upacara nyadran yaiku pesta rakyat sing awujud bentuk rasa syukure masyarakat marang Gusti Allah amarga bumi iki bisa dadi sumbere urip. Acara manganan utawa nyadran lumrahe saben desa nduweni dina, tradisi lan panggonan sing beda-beda. Ana sing dirindakake ing sendang, kuburan lan punden. Panggonan sing kaanggep masyarakat iku dadi cikal bakale anane desa iku.
B.     Ancasing
Ancasipun Upacara Nyadran inggih menika :
a.       Mangertosi Upacara Nyadran lan nilai ingkang terkandung wonten tradisi kebudayaan.
b.      Kangge nglestantungaken Upacara Nyadran
c.       Nguri-uri kabudayan

C.    Paedah
Paedah saking panaliten Upacara Nyadran inggih menika :
a.       Nambah pangertosan babagan Upacara Nyadran.
b.      Saged nyaosi informasi gambaran Upacara Nyadran


BAB II

A. Sejarah Upacara Nyadran
Tradisi nyadran inggih menika pesta rakyat ingkang awujud bentuk rasa syukur masyarakat dhumateng Gusti Allah amargi bumi menkasaged dados sumber panguripan. Acara dhaharan utawi nyadran lumrahipun saben desa nggadahi dinten, tradisi saha papaningkangbenten-benten. Wonteningkang dirindakake ing sendang, kuburan saha punden. Papaningkang kaanggep masyarakat menika dados cikal bakal wontenipun desa menika. Sakliyanipun mengeti nyadran utawidhaharaningkang nggadahiawujud raos syukur dhumateng Gusti Kang Akarya Jagad inggih menka supadosmboten wonten gangguan roh jahat saha lelembut.
Lumrahipun saksampunipun ngawontenaken dhaharan utawi nyadran, masyarakat ugi ngawontenaken panglipuran. Panglipuripun ugi benten-benten. Wonten ingkang nanggap tayuban, wayang kulit, wayang krucil utawi wayang golek ingkang miturut tiyang jaman rumiyinmenikaremenipun Danyang desa.
Tradisi nyadran utawi dhaharan sampun wonten awit jaman rumiyin, tepatipun wonten ing jaman kerajaan.Tradisi nyadran tumrap tiang jawa dipun  wigati sanget.
Umumipun ditindakaken ing wulan Ruwah (saking tembung arab arwah). Tradisi nyadran mboten saged pisah kaliyan kembang utawi sekar. Mulanipun wonten istilah nyekar para leluhur nginaaken uba rampe sekar (mawar, kenanga, mlati, telasih saha sanesipun). Wonten ing bebrayan, sekar dados pratandha (lambang, simból) sesambungan utawi talirasa tresna, asíh, dúhkita, sungkawa sahasanesipun. Tradisi nyadran pranyata sampun lumampahawít jamanMajapahit.
            Pakurmatan kagem leluhur tasih lestari dumugi sakniki saha dipepetri deníng masyarakat, khususipun wonten tlatah desa. Nyekar wonten wulan Ruwah nggadahi surasa utawi wulangan marang anak putu supados sami tresna saha kemutan  marang leluhur. Wonten wulan ruwah menika kathah pepundhen ingkang disowani saha diresiki. Nyadran tumrap wiang Jawa dianggep wigatos, amargi wonten bab ingkang sambung kaliyan tradisi spiritual. Istilah tradisi, saking tembung latin tradere utawi tradition tegese ” nyaosaken sakingng inggil”. ingkang dipuncaosaken babagan ingkang nggadahi nilai kang adi(luhur, luhung).



B. Uba Rampe Nyadran
Wonten saklebetipun  ngawontenaken daharan wonten syarat uba rampe sesaji ingkang kedah wonten. Uba rampe antawisipun apem, ketan saha kolak. Tigang sesajen menika dipun maknai kanthi cara islami. Apem menika saking tembung Afuan ingkang tegesipun ampunan. Ketan menika  saking tembung khoto’an ingkang ngadhahi  teges putih lan suci, menawi kolak saking tembung kholaqo ingkang tegesipun Sang Pencipta. Saking tigang sesajen menika dipun maknai kagem simbol kemutan dhumateng Gusti. Nanging menawi masyarakat jawa ngartosaken kolak menika  tegesipun ojo ditolak tegesipun menapa  ingkang dados panyuwunipun mugi-mugi  mboten ngantos ditolak. Ketan tegesipun raketa inggihmenika supados doa kula panjenengan sami manunggal dening Gusti. Tigang  sesajen pokok menika  ugi ditambahi kalian tumpeng sahasekul kaliyan lauk kados  iwak pitik.
Apem, ketan saha kolak menika  saliyane dados uba rampe ingkang wajib ugi dipun ginakaken  munjung (ater-ater) kangem sanak kadang ingkang sampun sepuh saha tangga tepalih. Saking menika  mangertosi  menawi sedaya dilampahi masyarakat wujud raos solidaritas saha sosial kalian tiang sanes.

C. Tata Cara Upacara Nyadran
Wonten  nyadran, sakderengipun adicara inti lumrahipun  wonten ngresiki panggenan ingkang dipundamel ngawontenaken adicara nyadran. Saksampunipun ngresiki, ngawontenaken kenduri wonten panggenan kosong ingkang wonten  sakiwa tengenipun panggenan upacara nyadran. Saben kulawarga lumrahipun ngasta warni-warni daharan, lajeng lenggah sareng-sareng wonten  pesarehan kanthi sila. Lajeng  kepala desa mbikak acara ingkang wosipun menika kagungan maksud ngucapaken  raos syukur saha matur suwun dhumateng warganipun ingkang kersa ngasta jajan saha tumpeng (ambengan) ugi ingkang sampun kersa ndherek upacara nyadran.
Saking tata cara menika, cetha menawi  nyadran menika  mboten naming ziarah ing pesarehane leluhur ananging ugi ngadhahi nilai-nilai sosial budaya kadosa gotong royong, guyub. Saengga nyadran menika saged ningkataken kabudayaan Jawa saha tradisi ingkang sampun ngrembaka dados luwih ngrembaka utawi tetep lestari. Kanthi cara sosio-kultural, upacara nyadran menika mboten saged kaanggep ngresiki pesarehan leluhur, slametan (kenduri), ndamel apem, kolak, saha ketan ingkang dados sesaji. Nyadran utawi daharan menika ndadosaken silaturahmi kulawarga tetep utuh saha dados transformasi sosial, budaya, sarta keagamaan. Saking nginggil menika cetha menawi wonten hubungan kekerabatan, kebersamaan, kasih sayang antarane warga. Sawise iku tiyang ingkangsampun dipilih dados rois mimpin donga ingkang isinipun nyuwun sepura lan ngapura marang leluhur saha marang Gusti Allah. Donganipun ngginakaken tata cara agama islam saha warga ingkang sami ngamini.
Saksampunipun donga, sedaya warga ingkangwpntem ing papan upacara dhaharan menika nyaosi tumpeng ingkang sampun diasta. Sanesipun, para warga ugi sami ngijolaken jajan ingkang sampun diasta.


BAB II
A.    Panutup
Nyadran utawi daharan  menika ungkapan kesalehan sosial masyarakat ingkang kagungan  raos gotong royong saha solidaritas ingkang dados ancas kautamen tradisi menika. sanesipun nyadran ugi saget ningkatne hubungan marang Gusti saha masyarakat sosial saengga dumadosl ningkataken rembakan kabudayaan saha tradisi ingkang sampun  ngrembaka dados langkung ngrembaka malih. Daharan menika  dados salah satunggalipun dalan kangem njagi silaturahmi kalian masyarakat. Menawi  menika  ditingkataken malih  nyaosaken raos sosial masyarakat Indonesia menika saged sakestu dados rukun, ayom-ayem saha tentrem.
Wosipun , sadaya titah kedah tansah mbekteni dhumateng leluhur, senajan sampun mapan wonten  alam kelanggengan. Salah satunggaling ikang ora pedhot ganjaranipun inggih menika donganipun anak putu ingkang sholeh saha sholehah dhumateng bapa ibu saha para leluhur. Dados mboten teges anak putu nyembah marang arwahe para leluhur, ananging ndongakake supados arwahe para leleuhur kapapanake wonten palenggahan kang mulya wonten sandhinge Gusti. Bektinipun anak kedah mikul saha mendhem jero kalian tiang sepuh.
Pungkasane, nyadran inggih menika ngluhurake leluhur ingkang tundhone supados kemutan saha manembah marang Kang Maha Luhur.


Pustakan
http://dhealkha.co.id/2014/tugas-sejarah-makalah-tradisi-nyadran html jam 07:48
http://ichariesya.wordpres .com/2011/09/29/14/ jam 12.30
  





Komentar

Unknown mengatakan…
keren kaka, kunjungi blogku juga dong
Fauzar mengatakan…
udah kok, btw itu kok photo profilnya cantik banget

Postingan populer dari blog ini

Puisi Sketsa Rembulan Padam

Hari gelap Dimana setengah hari berubah menjadi hitam Warna-warna terang berubah menjadi remang dan gelap Rembulan, Rembulan datang menyinari ketika hari itu datang Mengganti warna-warna remang dan gelap menjadi terang Kesunyian, Kesunyia yang mencekap kerap kali menemani Berdiri dipojok-pojok sebuah hati, tak mau pergi “Aku tahu kamu hari ini akan datang Aku tahu hari ini juga dirimu akan datang Aku menantikan walau hanya sepatah kata Tetap menunggu dibawah harapan” Angin berhembus Berhembus diantara sebuah perasaan yang terikat oleh janji Mengikat kuat melukai perasan Padam, Bulan sempurna padam, tak ada yang menggantung Tinggal perasaanku yang digantungkan Pohon Digantung diantara pepohonan nan tinggi menjulang Terikat oleh suata zat yang tidak diketahui bentuknya

Esay "Karena Sampah Sudah Menjadi Biasa"

“Apakah budaya buang sampah sembarangan sudah menjadi teman hidup?” Itulah pertanyaan yang selalu aku tanyakan dalam benakku. Tepetnya hari ini (Selasa, 17 Juni 2014) sesudah aku mengaji di pondok pesantren di dekat rumahku. Sebut saja namanya Nisa dan Abdul (dia anak kyai). Aku melihat Nisa bermain bola di pelataran mushola. Dari kejauhan Abdul membawa makanan yang diberikan oleh ibunya. Saking gembiranya Abdul membawa plastik makanan itu dengan menaiki sepeda sambil berlenggak –lenggok mengelilingi Puskestren (Pusat Kesehatan Pesantren). Wusss.... dengan gaya ala Valentino Rossi. Nisa yang melihat Abdul membawa makanan itu jadi ingin memintanya. Lantas dia memanggil Abdul dengan suara yang tak karuan kerasnya, “Dul, aku minta jajananmu, Dul!” Seperti sudah mendapatkan sinyal dari kakaknya, Abdul mengayuh sepeda mendekati Nisa yang sedang bermain bola barunya di depanku. Bola itu diberikan dari salah satu Partai yang berkampanye sebelum pemilu tahun ini. Tetapi baru dibuka ...